BUDAYA MANTU
 |
| Budaya Mantu |
Dalam kebudayaan Jawa,
banyak upacara-upacara adat yang dilakukan masyarakatnya. Diantara banyaknya
kebudayaan Jawa tersebut terbagi menjadi tiga yaitu metu (lahir), manten
(nikah), dan mati.
Pada artikel kali ini,
Synaoo.com akan menyajikan materi tentang salah satu tradisi Jawa tersebut
yaitu tata cara dan urutan mantenan dalam bahasa Jawa.
Upacara budaya mantu atau pernikahan adat Jawa memang sangat kompleks. Hampir di setiap prosesinya memiliki makna luhur yang sangat mendalam.
Adapun secara umum tata
urutan upacara mantenan sebagai berikut :
1. Nontoni
 |
| nontoni |
Ing adicara iki mbutuhake
talanging atur, minangka utusan saka kaluwarga calon penganten kakung kangge
nemoni calon penganten putri.
Talanging atur kui marak
sowan bareng kaliyan calon penganten kakung. Ing kono calon penganten putri
bisa padha delengi siji karo liyane.
2. Nglamar
 |
| lamaran |
Adicara menika uga diwestani
"asok tukon" yaiku calon penganten kakung menehake kubarampe lan
ragat kang bakal kanggo ngleksanakake pahargyan pengantenan.
Ing prastawa iki uga ana
prastawa liru kalpika (tukar cincin) kang dadi pralambang kanggo nyingseti.
3. Pasang Tarub, Tuwuhan,
Bleketepe
 |
| Tuwuhan |
Tarub kui kanggo pratandh
yen ana kang duwe gawe lan kanggo njagani menawa tamu kang rawuh klewat akehe
lan uga kanggo talak balak.
Dene tuwuhan kepasang kanggo
regol mlebu lan metune tamu. Tuwuhan kang digunakake biasane gedhang raja, lan
uga saget tuwuhan liyane.
4. Midodareni
 |
| Siraman |
Upacara midodareni wujude
nyiram calon penganten putri dende wong tuwane minangka pralambang kanggo
ngresiki jiwa calon penganten. Midodareni dianakake sedina sedurunge ijab
kabul.
Sawise disiram, calon
penganten putri raup banyu kendhi kang diasta dening ibune, banjur dibanting.
Banjur calon penganten putri
ganti busana, diacuteke pagas rikma dening wong tuwane calon penganten putri.
Raambut kasebut dikubur, dibacutake adicara dodol dawet dening wong tuwa wadone
penganten putri.
5. Ijab Qabul
Adicara iki arupa akad,
banjur diterusake upacara panggih jangkep, sawise panggih jangkep rampung,
banjur kembang mayang digawa metu saka omah lan dideleh neng prapatan cedhak
omah.
6. Jenang Sungsuman
Adicara iki dilakoni sawise
adiara palakrama rampung kang awujud ngucap sukur amarga wis diparingi lancar,
ora ana pepalang.
7. Boyongan
Boyongan yaiku penganten
putri lan kakung diterake dening kaluwargane penganten putri menyang
keluwargane penganten kakung. Ngunduh manten dianakake sepasar sawise acara
palakrama ing omahe penganten kakung.
Sebelumnya kalian telah
mempelajari Budaya Mantu secara umum. Sekarang waktunya mempelajari adicara
Budaya Mantu secara khusus di acara panggih jangkep setelah ijab kabul.
1. Balang Suruh
Balang suruh awujud
penganten kakung lan putri kang padh mbalang suruh kang dadi pralambang sih
katresnan lan kasetyan.
2. Wijih Dadi
Upacara iki awujud penganten
kakung ngidak endhog pitik nganthi pecah, banjur penganten putri ngresiki
ampeyane penganten kakung nganggo banyu
kembang, pralambang penganten kakung kang bakal pangarsane kluwarga lan
ngabdine penganten putri minangka garwa.
3. Sinduran
Upacara sinduran awujud ing
awake penganten kakung lan putri disampirake kain sindur, kang pucuk kiwo
tengene di cekeli dening wong tuwa kakung penganten putri kanthi mlaku
alon-alon minangka pralmbang pinanganten sakloron wis tinampa dadi kaluwarga
4. Bobot Timbang
Upacar iki awujud
pinanganten sakloron lungguh ing pangkonane bapake penganten putri, minangka
pralambang katresnane wong tuwa marang anak padha karo mantu.
5. Kacar Kucur
Upacara iki awujud penganten
kakung maringake wijen-wijen arupa kacang, dhele, beras, jagung, sega kuning,
dlingo bangle, maneka kembang lan dhuwit receh marang penganten putri kang dadi
pralambang penganten kakung maringake kabeh blanjane marang garwane.
6. Dhahar Klimah
Upacar iki awujud penganten
kekalih dhahar dulang-dulangan, dibacutake ngunjuk toya wning, kang dadi
pralambang penganten kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
7. Sungkeman
Upacara sungkeman awujud
penganten kekalih sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa kekalih. Minangka
pralambang penganten sakloron nyuwun donga supaya bisa urip bebrayan kanthi
becik.
8. Kirab
Adicara menika awujud
arak-arakan putri dhomas, cucuk lampah, lan kaluwarga kanggo mapang utawa
ngiringi penganten arep jengkar saka papan panggih unga mlebu papan panggih.
Itu tadi materi singkat tentang Budaya Mantu dari Synaoo.com.
Semoga materi yang diberikan dapat bermanfaat.
Salam Synaoo.
Labels: Bahasa Jawa