PARIWARA
A Pangertene Pariwara.
Pariwara
inggih menika sawijining pesen babagan barang/jasa kang digawe dening
produsen kang diandharake lumantar mediya (cetak,
audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang ditujokake marang
bebrayan agung.
B.
Ancase Pariwara
· Ukara
cekak aos.
· Basa
prasaja, gampang ditampa lan dingerteni.
· Tulisan
lan gambare narik kawigaten.
C.
Jiniseng Pariwara
1.
Pariwara Audio :
Pariwara kang disampekake kanti nganggo swara tuladhane iklan radio.
2.
Pariwara Visual :
Pariwara kang disampekake nggango tulisan utawa gambar kang bisa diamati kanti
mripat tuladhane baliho.
3. Pariwara Audio
Visual : Pariwara kang disampekake nggango tulisan/gambar uga swara kang bisa
di rungoake lan di deleng tuladhane iklan TV.