SENI PAGELARAN JAWA
- Eksposisi
1.
Bab kang
diinformasiake:
· Data factual
· Sawijining analisis objectif marang fakta
· Fakta ngenani wong kang cekelan kenceng marang
keyakinane.
2.
Pitakonan ing Eksposisi
· Kepriye sawijine pakaryan?
· Kepriye sawijine dumadi?
· Objek iki klebu tahap kang endi?
· Objek iki dumadi saka tahap-tahap endi wae?
3.
Perangan kang
kamot sajroning eksposisi
· Njlentrehake panemu lan gagasan.
· Njelasake fakta kang dikuatake utawa dicethakake.
· Njelasake analisis lan sintesis.
· Sumber ide.
4.
Pathokan panulise
eksposisi
· Mung njlentrehake sawijining pokok prastawa/persoalan.
· Isine ora nduweni karep ngundang reaksi.
· Gayane kudu informatif lan ngyakinake.
· Basane minangka basa pawarta.
· Penulis kudu ngerti prastawa.
· Penulis kudu prigel nganalisis prastawa.
- Purwakanthi
1.
Pangertene
Purwakanthi
Purwa
tegese wiwitan, lan kanthi tegese gandeng.
Purwakanthi
yaiku runtute swara ing ukara, wanda uga tembung kang kapisan nggandheng wanda
utawa tembung ing saburine.
2.
Jiniseng
Purwakanthi
· Purwakanthi guru swara : Purwakanthi kang swarane
runtut.
Tuladha
: Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon asal kelakon.
· Purwakanthi guru sastra : Purwakanthi kang rutut
sastrane utawa tulisane.
Tuladha
: Dasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, lan bebet.
· Purwakanthi guru basa/lumaksita : Purwakanthi kang
tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake.
Tuladha
: Witing klapa, klapa mudha saupama. Salugune mung mardi reh raharja.
- Parikan
1.
Pengertene
Parikan
Parikan(pantun)
yaiku tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg.
2.
Ciri-ciri/Ancasing
Parikan
· Cacahe wanda ukara sepisan, kudu pada kalian ukara
kapindho.
· Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha kalian ukara
kapindho.
· Ukara ngarep pambuka, ukara sapiturute isi(wose).
· Bisa kedadean saka rong gatra utawa patang gatra.
· Bisa kedadean saka patang wanda saben gatra uga wolung
wanda saben sagatra.
3.
Tuldha Parikan
· Kedadean saka rang gatra
Ngaji quran, saben dino.
Digoda setan, ora papa.
Mangan kupat, jangane santen.
Menawi lepat, nywun pangapunten
· Kedadean saka patang gatra
Saiki wes wulan pasa,
Weteng lesu krucuk-krucuk,
Saiki pancen urip rekasa,
Tapi mengko aja njaluk.
- Wangsulan
1.
Pangertene
Wangsulan
yaiku unen-unen kang saempar kaliyan cangkriman, nanging batangane (wangsulane)
wis dikandhakake nanging ora kanthi cetha.
2.
Tuladhane
· Jenang gula, kowe aja lali.
Tegese:
Jenang gula arane glali, mula bisa dadi tembung lali.
· Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh.
· Jangan gori, nganti judheg anggonku ngrasakake.
- Basa Rinengga
Basa
rinengga inggih menika basa kang kalebu susatra rinacik mawa basa kang endah.
Endahing karangan di damel sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake serta
basa kang edi peni.