CRITA RAKYAT
- Pengertene Crita Rakyat
Crita
rakyat yaiku cerita kang ana ing swijining daerah lan kan awujud karya kolektif(bebarengan) kang diwarisake kanti turun
temurun .
- Unsur Crita Rakyat
· Tema : Ide pokok utowo permasalahan utama kang
ndhasari crita.
· Latar/setting
: Panggonan, wektu , utawa suasana kang mbantu cethaning crita.
· Alur/plot : urut-urutaning kedadeane cerita. Alur kebagi dadi 2
yaiku alur maju/progresif lan alur mundur/flash
back progresif.
· Sudut Pandang : Nyritakake tokoh, barang papan,
kewan, lan sapiturute.
· Penokohan : Nggambarake karakter kanggo paraga. Paraga bisa dingerteni saka tumindake,
ciri fisike, utawa lingkungane.
· Konflik : Perkara kang dadi punjere crita.
- Karakter Crita Rakyat
· Anonim : Crita ora kaweruhan sapa kang
nganggit.
· Kolektif
: Duweke masyarakat bebarengan.
· Dicritakake kanti lesan.
· Dicritakake turun temurun.
- Jenising Crita Rakyat
·
Mitos : Crita
kang dianggep bener-bener kedadeyan lan paragane arupa manungsa sekti, dewa,
kewan kang nduweni kesakten. Tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Sunan Lawu,
Saridin, lan sapiturute.
·
Legenda :
Crita asal-usul sawijining panggonan lan biasane ana petilasane arupa watu,
wit, gunung, kali, lan
sapiturutipun. Kedadeane kutha Rembang, Rawa Pening, kedadeyane kutha Surabaya.
·
Dongeng :
Crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane crita Jaka Tarub, Keong Emas, Timun Emas.